banner 728x250
Daerah  

Pancen Gercep! Atap Omah Warga Ambrol, Cak Memet RT Kepunten Langsung Mudun Ngowo Asbes Teko Wabup

 

Sidoarjo//Pusatberita.i-news.Site.        Nek ngomongno pengayome warga sing tenanan, jenenge yo Pak RT Sudakir, sing luwih akrab diceluk Cak Memet. RT Desa Kepunten iki pancen ora kakehan omong, tapi nek urusan wargane kenek musibah, langsung gercep tanpa rem

KEPUNTEN, SIDOARJO – Nek ngomongno pengayome warga sing tenanan, jenenge yo Pak RT Sudakir, sing luwih akrab diceluk Cak Memet. RT Desa Kepunten iki pancen ora kakehan omong, tapi nek urusan wargane kenek musibah, langsung gercep tanpa rem.

 

Sawise kedadean atap omah salah siji wargane ambrol, Cak Memet langsung mudun tangan. Ora nunggu suwe, ora nunggu rame, bantuan material bangunan langsung diusahakno lan disalurke nang warga sing butuh.

Cak Memet oleh amanah langsung teko Wakil Bupati Sidoarjo kanggo mastekno bantuan kuwi ndang tekan lan bener-bener ketampa wong sing kenek musibah. Material sing didukno yoiku asbes karo soko (kayu penyangga), barang sing paling penting ben omah warga iso ketutup maneh.

“Sing penting wargaku iso turu ayem, ora kudanan, ora was-was. Nek urusan warga susah yo kudu langsung gas, gak usah kakehan mikir,” ujare Cak Memet karo rai sumringah.

Warga Desa Kepunten podo ngacungi jempol. Wiwit kedadean atap ambrol, Cak Memet pancen dadi wong sing paling sibuk mondar-mandir golek solusi lan bantuan rono-rene. Saiki warga bareng-bareng gotong royong masang asbes lan soko anyar mau.

Sosok RT koyo Cak Memet iki dadi conto tenan. Dadi jembatan sing pas antarane pemerintah kabupaten karo rakyat cilik. Nek kabeh RT nduwe jiwa pengabdian koyo ngene iki, urusan warga mesthi cepet rampung, ora mung janji tok.

Mangan sate nang omahe Cak Memet,
bumbune kacang kecape uakeh.

Duwene Pak RT ora tau mbulet,
warga sambat, wonge langsung gercep!

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *